MBAKAR SARUNGE TANGGANE (Sebuah skenario drama)
Ini adalah skenario drama yang dipentaskan saat aku kelas XII SMA bersama teamku untuk melengkapi tugas Bahasa Jawa. Drama berlangsung seru dengan tampilnya gaya kocak Izzul (Akhmad Iskandar Zulkarnaen) yang berperan sebagai orang gila. Check this out!
A. Tokoh ing carios
Wong edan : Akhmad Iskandar Zulkarnaen
Pak Kasro : Yusro Adi Aji Apriliyanto
Bu Kasro : Ahdiyatul Muamaliyah
Pak Mahli : Mohammad Ilham
Bu Mahli : Alifia Nidya Hapsari
Ningsih : Feny Puspitaningsih
Tukang Sayur : Angga Abqori Bachrian
B.
Carios
Babak 1
Ing sawijining dina, ana wong edan lagi mlaku-mlaku ing Desa
Remuk-Ancur. Wong edan iku
weruh sarung apik lagi dijemur ing pemehan plataran umah Pak Mahli.
Wong edan : (Nggremeng) ”
X@Z, mCΔT, v = λ.f, W = m.a ...”
”Ih! Ana sarung apik! Dienggo ah!”
(Mlebu plataran umah Pak Mahli banjur njupuk
sarunge)
Tukang Sayur : (Weruh wong edan
nyolong sarung)
”Heh wong edan! Lagi apa koen?”
Wong edan : (Mlayu banter)
”Wha... Suuu giri giri...” (Nggremeng ora nggenah)
Tukang Sayur : (Ngejar sedhela
banjur balik maning theng grobak sayure)
”Dasar wong edan!”
Babak 2
Wong edan : (Ngos-ngosan amarga mlayu banter)
(Manjing plataran umah Pak Mahli)
Bu Kasro : (Wedhi weruh wong edan manjing plataran umah)
”Pak! Pak! Wonten tiyang mboten waras mlebet plataran griya! Pak!”
Pak Kasro : (Nggawa sapu
kanggo senjata)
”Ngendi!? Ngendi!?”
Bu Kasro : ”Ngono, lagi
glelengan ... ” (Nunjuk wong edan sing lagi glelengan)
Pak Kasro : (Menyang
plataran umah) ”Lunga koen! Lunga!”
Wong edan : (Kaget) ”Wha
... E = mc2, W = Q2 – Q1, ... ”
(Mlayu banter ninggalna sarunge)
Pak Kasro : ”Dasar wong edan! Tapi hebat ya,
ngerti rumus fisika, ck ck ...” (Weruh sarung nggletak theng plataran umahe)
”Lha kiye sarunge ketinggaalan, dibuwang bae wis ... ”
(Njupuk sarunge banjur dibucal theng blumbang)
Bu Kasro :
”Piye pak? Mpun lunga?”
Pak Kasro :
”Wis Bu, pager ya wis dikunci, Ibu ra sah watir.”
Babak 3
Sorene.......
Bu Kasro :
”Sih, Ningsih, latare disapu kana! Aja nonto film bae!”
Ningsih :
”Lah, Ibu. Nembe asik niki. Filme kan dereng bubar”
Bu Kasro : ”Kowe cah prawan nonton kimos
bae, nyapu mana! Aja lali
runtahe diobong!”
Ningsih : ”Nggih, Bu”
Ningsih banjur
nyapu lan ngobong runtah.
Ningsih : (Nyapu karo nggremeng) ”Lah,
ibu lagi asik nonton malah diprentah nyapu.”
”Lho, iki sarunge sapa? Kok isih apik
dibuwang ning kene? Lha
tak bakar bae wis.”
Babak 4
Pak Mahli : ”Bu, ibu sarungku ngendi?” (Nggoleki
sarung)
Bu Mahli : ”Lha, teng jemuran sih, Pak”
Pak Mahli : ”Ora ana, mau wis tak tiliki”
Bu Mahli : ”Ya, mbuh ta, Pak. Wong mau wis
tak kumbahi, terus tak jemur ning kana.”
Pak Mahli : ”Lah, sarung anyar, apik, adem,
larang, ko diilang-ilangke”
Bu mahli : ”Ko dadi nyalahke aku ta, Pak.
Aku ya ora ngerti. Terserah njenengan
bae lah!”(Lunga saka Pak Mahli)
Pak Mahli : (Nggremeng) ”Lah, sarungku sing
anyar, apik, alus, bermerek, impor, ilang ning ngendi sih?”
Babak 5
Esuk umun-umun Pak
Mahli lan Bu Mahli ribut maneh masalah sarung.
Pak Mahli : ”Lah akhire sholat subuh dadi
ora nganggo sarung anyar! Pan pamer koh! Ibu sih ngilangke sarungku”
Bu Mahli : ”Ee.. Bapak ngajak ribut
maneh?! Wis ilang ya sing ikhlas oo.. Aja nggrutu bae. Mangke cepet tuwa.”
Pak Mahli : ”Ee.. ibu malah ndongakake Bapak
ya…”
Bu Mahli : “Terserah lah. Ibu bade tumbas
sayur” (Metu karo nggrutu)
Tukang Sayur : “Yur, sayur… yur, Sayur….”
Bu Mahli : “Pak tumbas pak!”
Tukang Sayur : ”Monggo bu...”
Bu Mahli : (Nggremeng) ”Lah, si bapak
ngejak ribut terus awit bengi! Ngejak cerai apa ya!?”
Tukang Sayur : ”Kenangapa sih bu? Urip digawe susah
temen...”
Bu Mahli : ”Kuwe si bapak ngejak ribut
terus awit bengi. Aku sampe emosi.”
Tukang Sayur : ”Emang gara-gara apa, Bu?”
Bu Mahli : ”Kae! Gara-gara sarung anyare
ilang! Wong wis tak kumbahi terus tak jemur kok ilang.”
Tukang Sayur : ”Oh, sarung sing dijemur ing plataran
umah? Perasaan dicolong wong edan wingi, Bu”
Bu Mahli : ”Hah, dicolang wong edan? Temenan!?”
Tukang sayur : ”Temenan, Bu. Yakin, sung!”
Bu Mahli : ”Lah.. terus lunga neng ngendi
wong edane? Angel maning.”
Bu Kasro : (Arep tuku sayur) ”Lagi ribut
apa sih, rame temen!?”
Tukang sayur : ”Kiye, Bu wingi sarunge Pak Mahli
dicolong wong edan”
Bu Kasro : ”Owh, wong edan kae? Sing bisa
rumus fisika?”
Tukang Sayur : ”Iya, Bu”
Bu Kasro : ”Owh, wingi glelengan ning plataran
omahku terus diusir bapak”
Bu Mahli : ”Terus nggawa sarung boten,
Bu?”
Bu Kasro : ”Boten ngertos bu. Taken bapak
mawon.“
Bu Mahli : ”Ya wis taktimbali Bapak ndisit
ya.“
Bu Mahli banjur
nimbali Pak Mahli.
Babak 6
Pak Mahli, Bu
Mahli, lan Bu Kasro tekan omahe Bu Kasro.
Bu Kasro : ”Pak! Pak! Niki wonten tamu”
Pak Kasro : ”Eee.. Pak Mahli. Monggo, Pak. Wonten
napa? Kadingaren esuk umun-umun sampun tetamu?”
Pak Mahli : ”Niki lho Pak, kula bade taken babagan
sarunge kula sing ilang dicolong wong edan. Ngendikane garwane sampeyan, wingi
wong edane mampir mriki. Napa bener Pak?”
Pak Kasro : ”Oh, iya bener pak. Tapi wong edane wis
tak usir”
Bu Mahli : ”Priksa sarunge garwa kula
boten, Pak?”
Pak Kasro : ”Sarung sing kotak-kotak warna
abang?”
Pak Mahli : ”Leres, pak. Terus teng pundi sakniki?” (Wis ora
sabar)
Pak Kasro : ”Aduh... Ngapunten Pak, kula mboten
ngertos niku sarunge bapak. Dados kula bucal teng blumbang“.
Pak Mahli : “Pak Kasro pripun sih? Niku
sarung larang, impor saka Arab, limited
edition!!“
Pak Kasro :
“Ngapunten sing katah pak. Kula ya boten ngertos.“
Bu Kasro : “Mpun pak, sakniki menyang TKP
mawoh. Mbok bilih taksih, ya
syukur. Mangga“.
Pak Kasro, Bu Kasro, Pak Mahli, lan Bu
Mahli menyang blumbang. Tapi
sarunge wis ora ana.
Pak Mahli : “Pundi sarung kula, Pak? Kok mboten
wonten?”
Bu Kasro : “Oo iya, kala wingi Ningsih
nyapu teng mriki mbok bilih ngertos. Mangke kula timbali rumiyin. Sih, Ningsih mrene sadhela“
Ningsih : (Marani)“Wonten napa bu,
enjing-enjing pun ribut?“
Bu Kasro : “Wingi Ningsih nyapu plataran
ya? Weruh sarung sing dibucal neng kene ora?“
Ningsih : “Oo sarung niku Bu, mpun
kula bakar, Bu.“
Bu Kasro, Pak
Kasro, Pak Mahli lan Bu Mahli :“Lah...“
Pak Mahli : ”Heh, bocah! Kowen ngarti ora
kuwe sarung larang, impor saka Arab, limited
edition, ngarti!?”
Ningsih : ”Ngapunten Pak, kula mboten
ngertos, kok malah ndukani kula, kula kan dikengken Ibu.”
Bu Kasro : ”Kan Ibu cuma ngongkon nyapu
lan mbakar runtah. Dudu sarung!”
Ningsih : ”Hla, sarunge dibucal teng
ngriku, kula ngertose niku runtah.”
Tukang Sayur : (Lagi liwat ngarep umahe Bu Kasro)
”Bu, niku bu wong edane! Bu Kasro!” (Ngejar wong edan)
Kabeh pada ngoyak
wong edan mau.
Kabeh : (nuding wong edan) ”Dasar
wong edan gawe gara-gara! Nggawe desa tambah remuk ancur!”
Komentar
Posting Komentar